Sabtu, 01 Mei 2010

Hari Pendidikan Nasional

ng Ngarso Sung Tulodo (di depan, kita/guru memberi contoh kepada murid) Ing Madya Mangun Karso (di tengah-tengah, murid kita/guru membangun prakarsa dan bekerja sama dengan mereka), Tut Wuri Handayani (dan dari belakang kita/guru memberi daya-semangat dan dorongan bagi murid). Selamat hari Pendidikan Nasional.... Selengkapnya...

Unggah-ungguh Basa

Ing bebrayan (masyakarat) Jawa kerep keprungu tetembungan unggah-ungguh. Tegese unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata krama. Wong Jawa saiki akeh sing ngarani yen wong enom wis ora nduweni unggah-ungguh maneh. Mesthi bae. Wong saiki tindak lakune kudu cepet, jalaran nguber kabutuhane urip, nganggo paugeran cepet-cepet anggere slamet, ora kaya wong Jawa jaman biyen sing duwe pathokan nguler kambang, alon-alon waton kelakon. Kanthi lumakune waktu lan jaman, mesthi ana owah gingsire kahanan, jalaran tuwuh kahanan anyar utawa sangsaya majune teknologi bakal nuwuhake owah-owahan. Apa iku owah-owahan sikap, apa tindak tanduk. Sing gampang bae anane owah-owahan punjere paprentahan, sing biyen ana ing Surakarta Hadiningrat lan Ngayojakarta Hadiningrat saiki wis ngalih ana ing Jakarta. Kahanan iki nyebabake owah-owahan uga, utamane Basa Jawa. Basa Jawa sing biyene dadi basa resmi paprentahan saiki ora. Malah-malah saiki akeh wong Jawa sing wis ora gelem nganggo basa Jawa maneh, sanajanta wong mau asale saka Surakarta lan Ngayojakarta. Kahanan iki nyebabake basa Jawa ngalami owah gingsir, bisa-bisa ngalami ilang musna kaya basa Jawa Kuna sing jaman saiki wis wong Jawa sing ora ngerti. Akeh wong Jawa sing wis ora ngerti basa Jawa maneh. Ngertia ya mung capet-capet, apa maneh nganggo basa sing ndakik-ndakik.
Basa Jawa saiki wis owah, ora kaya basa Jawa jaman panjenengane Bapak Antunsuhono, S. Padmosukoco, R Ng Poerbacaroko lan sapanunggalane. Nalika jaman iku basa Jawa diperang dadi :
1. Basa Ngoko. Basa Ngoko isih diperang dadi basa Ngoko Lugu lan basa Ngoko Andhap.
2. Basa Madya. Basa Madya isih diperang dadi basa Madya Ngoko, Madya Krama, lan Madyantara.
3. Basa Krama. Basa Krama isih diperang dadi basa Mudhakrama, Madya Krama, lan Wredhakrama.
4. Basa Krama inggil.
5. Basa Bagongan utawa basa sing kanggo ing sajerone kraton.
6. Krama desa sing tembung-tembunge akeh sing tinemu ing karang pradesan.

Jaman saiki akeh wong desa sing dadi priyayi gedhe ing Jakarta, dene sing biyen trahing kusuma rembesing madu ing kraton Surakarta lan Ngayojakarta dadi priyayi lumrah. Kadhangkala wong-wong ing sacedhake (tangga teparone) priyayi mau ora mangerteni yen priyayi mau tedhaking kusuma rembesing madu, kaya paribasan kang kamot ing tembang Dhandhanggula , diemot (dimuat) ing buku "Ngengrengan Kasusastran Jawi" karangan S. Padmosukoco, paribasan tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati, temah nampa papan kang nistha.
Mula apa kira-kira saiki ora perlu diatur ing paramasastra anyar? Upamane jinise basa mau diperang dadi :
1. Basa Ngoko kedadean saka Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (Ngoko Alus) ,sing aturane padha jaman biyen.
2. Basa Krama kedadean saka Krama Lugu lan Krama Andhap (Krama Alus). Basa Krama Lugu aturane kaya Basa Kramantara, lan Basa Krama Andhap (krama Alus ) kaya Mudha Krama. Kena apa kok basa Mudhakrama? Jalaran basa Mudha Krama iku kramane wong enom marang wong tuwa. Wong Jawa nduweni watak ngajeni wong kang dijak guneman lan ngasorake awake dhewe, kaya ing basa Ngoko Alus utawa Ngoko Andhap .
Kepriye dulur tanggapan panjenengan? Selengkapnya...