Minggu, 25 April 2010
makna tembang ilir-ilir
Ilir-ilir
KISI –
BAHASA JAWA kelas IX
I. Ukara tanduk (kalimat aktif).
Tetengeripun ukara tanduk menawi wasésanipun angsal ater ater anuswara lan jejeripun nindakaké wasésa.
- Simin mangan tahu
- Ali nggambar relief
- Ibu mundhut ulam dhateng peken
- Maling nyolong sapi ning kandhang
II. Ukara tanggap (kalimat pasif).
Tetengeripun ukara tanggap wasésanipun angsal ater ater:
(“dak”, “ko”, “di”, “ko”), lan seselan “in”.
Déné jejeripun nandang wasésanipun.
- Sapiné
- Dhuwité arep dakjaluk.
- kelase
III. Tembung camboran
Tembung camboran (basa Indonesia: kata majemuk), kuwi rong tembung utawa luwih kang digandhèng dadi siji ngliwati sawijining prosès morfologi. Prosès morfologi yakuwi prosès owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduwèni kategori lan makna wutuh, saéngga polimeorfem iku disebut tembung. Jroning basa jawa, ana telung prosès morfologi sing disinaoni, yakuwi: prosès wuwuhan (pengimbuhan), prosès rangkep (pengulangan), lan prosès camboran (pemajemukan). Prosès camboran (pemajemukan) yaiku prosès panggabungan morfem dhasar, sing biasa digabung yakuwi lingga karo lingga liyané. Camboran dipérang dadi loro, yaiku: camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka camboran sing konstruksiné digabung, saéngga ngasilaké siji makna. Déné camboran udhar arupa camboran sing konstruksiné kapisah lan maknané isih digabung, saliyané kuwi unsuré isih bisa digolèki.
Miturut wutuh orané
Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:
· Tembung camboran wutuh,
Contoné : sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
· Déné wujud sijiné yakuwi
Contoné : bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké
Miturut hubungan wanda
Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:
· Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Reroncèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa"saha".
· Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
· Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.
Tembung garban
Tembung camboran kang sambungan (sandhi) né awujud wandamenga (basa Indonesia: suku kata terbuka) lan wanda aksara swara (vokal), tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh (ginarba) dadi siji dadi swara anyar. Tembung kuwi banjur disebut tembung garban. Tuladha:
· a + a = a
Kusuma + astuti = kusumastuti
· a + i = e
Teka + ing = tekèng
Ira + iku = irèku
· a + e = e
Warna + edi = warnèdi
· a + u = o
Wira + utama = wirotama
· i + a (i,e,o,u) = y
Sami + oncat = samyoncat
· u + a (i,e,o,u) = w
Tumuju + ing = tumujwèng
Sawetara ater-ater utawa panambang kang wanguné kaya wanda kasebut uga dadi sandhigarban. Tuladha:
· sa + ulah = solah
· sami + a = samya
· ke + legi + an = kelegèn
IV. Tembung Entar
Tembung entar yaiku tembung kang tegese ora salugune (kata kiasan).
Umpamane:
· dawa tangane tegese clemer, seneng nyolong.
· jembar segarane tegese seneng ngapura kasalahane liyan.
· dawa ususe tegese sabar.
· lunyu ilate tegese mencla-mencle.
· adus kringêt = nyambut gawé, abot bangêt
· adol kringêt = nyambut gawé
· abang rainê = nandhang isin (wirang)
· ålå tembungé = têmbungé kasar/saru
· alus tembungé = kêpénak dirungokaké
· atiné ånå wuluné = atine ålå/dêngki
· cagak urip = kanggo nyukupi kêbutuhan uripé
· cangkêm gatêl = sênêng ngrasani/nggunêm
· cêpak rêjêkiné = gampang olèh rêjêki
· cilik atiné = kuwatir/wêdi
· cupêt atiné = gampang nêsu
· dadi gawé = ngrépotaké
· dhuwúr atiné = gumêdhé
· êntèk atiné = kêwêdèn/kuwatir bangêt
· ènthèng tangané = sênêng tandang gawé
· gêdhé ómónge = umúk ora ånå nyatané
· idu gêni = omongan tansah kêlakon
· jêmbar kawruhé = akèh ngilmuné
· jêmbar kuburé = mlêbu swarga
· jêro kawruhé = akèh ngilmuné; pintêr
V. WANGSALAN
Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedheg) dhewe. Ukarane ora persis nanging memper wae. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:
· Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
· nJanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).
Tuladha sing wujud tembang:
1. Jirak pindha munggwing wana
2. Sayeng kaga we rekta
3. Sinambi kalaning nganggur
4. Wastra tumrap mustaka
5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
6. Kinarya langen pribadi
Batangane:
· Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
· Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
· We rekta kang muroni = iket.
· Baon sabin = karya.
Wangsalan
01. Jênang gu1å kowe åjå lali.
(jenang gulå = glali).
02. Ngembang garut nggrêmêng ora karuwan
(kêmbang garut = grêmêng),
03. Mbalúng janúr, gêlêma paring usådå.
(balúng janúr = sådå).
04. Ngêmbang kacang, mbêsêngut ora kalêgan.
(kêmbang kacang = bêsêngut - dadi mbêsêngut).
05. Sêkar arèn mas, sampún dangu kok botên kêpanggih
(sêkar arèn = dangu).
06. Kêmbang jambu, kêmaruk duwé dolanan anyar.
(kêmbang jambu = karuk = dadi kêmaruk).
07. Roníng mlinjo, sampún sayah nyuwún ngaso.
(roníng mlinjo = so - dadi ngaso).
08. Klåpå mudhå, yèn kalegan paringa apurå.
(klåpå mudhå = degan - dadi kalêgan)
09. Kêmbang gêmbili sênêng-sênêng olèh rêjêki.
(kêmbang gêmbili = sênêng).
10. Witíng klåpå jawåtå ing ngarcåpådå.
Salugune wóng mudhå gelem rekåså.
(witing klåpå = glugu dadi saluguné)
(Jawåtå ing ngarcåpådå = wóng) .
11. Kolik priyå priyagung anjani putrå.
Tuhu an, wóng anóm wêdi kangèlan.
(kolik priyå = manuk tuhu).
(Anjani putrå = Anóman - dadi anóm)
Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kaya dene cangkriman utawa tebakan. Tembung ‘wangsalan’ nunggal teges karo ‘wangsulan’. Ing sajroning wangsalan ngemu unen-unen, lan unen-unen iku mbutuhake wangsulan minangka batangane.
Wangsalan ana kang kaprah lan tinemu ing paguneman padinan lan mengku karep tartemtu, tur saben wong ngerti karepe. Yen ana wong muni: ‘Eh, bocah cilik mono aja ngroko cendhak’, sing diajak guneman ngerti, karepe ‘aja neges-neges’, rokok cendhak iku tegesan. Ana wong martamu, sing duwe omah mbagekake karo celathu: ‘E, njanur gunung temen!’, karepe ‘kadingaren’. “Janur gunung” bedhekane “janur aren”. Ana bocah ngaku-aku duweking liyan, banjur disendhu: ‘E, aja ngedom kreteg!’. “Dom kreteg’ iku ‘paku’.
Wangsalan uga akeh tinemu ing kasusastran, lumrahe rinakit ing basa pinathok tur rinengga. Ana uga kang sinawung ing tembang Macapat. Ing seni karawitan sok kanggo umpak-umpak ing gendhing. Tuladhane:
1. Wangsalan padinan
Isih enom kok njangan gori. (jangan gori = gudheg)
Ditakoni malah ngembang suruh. (kembang suruh=drenges)
We, kok banjur ngewoh kesambi. (who kesambi=kucacil)
Ya, aku gelem, nanging balung jagung lho! (balung jagung=janggel)
Wah, sajake lagi nglapa mudha. (klapa mudha = degan)
Kowe iku, kok mung mutra bebek. (putra bebek = meri)
Jenang gula, Mas, welingku wingi! (jenang gula = glali)
Dheweke lagi madder bungkuk. (wader bungkuk = urang)
Anggone nyambut gawe mung nguler kambang. (uler kambang = lintah)
Wong mung guyon wae kok njur mentil kacal. (pentil kacang = besengut)
Wah, nyega mambu. Aja ngono, Yu! (sega mambu = amer)
Jenang sela, Mas. Kula boten mampir. (jenang sela = apu)
Lha rak mbalung ula, apa-apa dipangan! (balung ula = gragasan)
2. Wangsalan kang rinacik ukara
Ayam wana, ywa nasar tindak dursila. (bekisar)
Balung janur, nyata sira mangka usada. (sada)
Balung klapa, ethok-ethok ora priksa. (bathok)
Balung ula, dakgagas gawe rekasa. (gragasan)
Bebek rawa, yen uwis enggal mrenea. (mliwis)
Cagak griya, tan yogya duhka nastapa. (saka)
Carang wreksa, nora gampang nganggit ukara. (pang)
Cecak toya, aja mingkar ing ubaya. (baya)
Cubung wulung, asiha maring sasama. (tlasih)
Damar mancung, cupet temen nalarira. (upet)
Dewanata, saru temen tindakira. (Guru)
Doming jala, aja seneng coba-coba. (coba)
Dhadhung peksi, mangsa kala tindak mriki. (kala)
Enthong palwa, tindak salah tanpa prayoga. (welah)
Gayung sumur, amba sadermi umatur. (timba)
Gelang sweda, yen lali nuli elingna. (ali-ali)
Gender wreksa, bobot timbang aneng sira. (gambang)
Impen nyata, bandara asing mring amba. (daradasih)
Jae wana, poyang-paying solahira. (lempuyang)
Jalak pita, adhang-adhang sihing bapa (podhang)
Jamang wakul, aja kurang ing pamengku. (wengku)
Kapi jarwa, dakpethek mangsa luputa. (kethek)
Kapi kresna, wong petung nora prayoga. (lutung)
Kasut wreksa, paran bayan wartanira. (gamparan)
Kawi sekar, kang sregep ngapus pustaka. (puspa)
Kawis wana, budi alus tur prasaja. (maja)
Kendhal jeram, mangga sareng uluk salam. (sereng)
Kendhal pipa, klelat-klelet tan prayoga. (klelet)
Kendhal teko, sun anti tan teka-teka. (weka)
Kelor wana, aja eru mring bandara. (weru)
Kukus gantung, sawangane sajak bingung. (sawang)
Laler gora, watak wengis tan utama. (pitak)
Macan wisma, memancing tindak duraka. (kucing)
Mendhung seta, lega legawaning driya. (mega)
Menyan seta, tuwas tiwas labuh nyawa. (tawas)
Nata mudha, kepati sengseming driya. (adipati)
Ombak agung, pakulun nyuwun panggunggung. (alun)
Pandhan wisma, ati panas tan saranta. (nanas)
Pandhu putra, den tata sabarang karya. (Puntadewa)
Peken alit, pangajab mangsa wurunga. (warung)
Pucang wana, dhang-dhang sihing bandara. (sadhang)
Roning kamal, mumpung anom sing tawakal. (sinom)
Sarpa kresna, mung andika sun pracaya. (dumung)
Sarung jagung, abot entheng wani tanggung. (klobot)
Taji kisma, sun kudang dadi sujanma. (luku)
Udan riris, sugih miskin
Uler kambang, amba titah mung cumadhang. (lintah)
Ula langking, ngumungna kabeh piweling. (dumung)
Yuyu agung, pinething dadya tumenggung. (kepithing)
3. Wangsalan kang dumadi saka rong ukara utawa rong gatra. Gatra kapisan minangka wangsalan (cangkriman), ukara kapindho minangka bedhekane utawa wangsulane.
Tualadha:
Gentha dara, ari Senen basa kuna. (sawangan; Soma)
Sawangane, narima asrah ing jiwa.
Ancur kaca, kaca kocak munggwing netra. (banyu rasa; tesmak)
Den rinasa, tindak mamak tan prayoga.
Ari Sena, Sena gelung minagkara. (Arjuna; Wrekodara)
Puji arja, mrih antuk sihing bandara.
Balung pakel, gendheyo sisaning kalong. (pelo; sontrot)
Kari loke, ketanggor padha jarote.
Bayem harda, hardening ngrasuk busana. (lateng; besus)
Mari anteng, besuse kaya katara.
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. (pang; pati urip)
Nora gampang, wong urip ing alam donya.
Cubung wulung, wulung wido mangsa rowang. (tlasih, alap-alap)
Asiha, alapen badan kawula.
Durna putra, putra-putri ing Mandura. (Aswatama; Sumbadra)
Janmotama, pinuji sinuba-suba.
Dhikir Buda, Buda Manis yen jinarwa. (puja; Rebo Legi)
Amemuja, mbeboleh margane begja.
Gayung sumur, kewan gung granane dawa. (timba; esthi)
Aja kemba, mangesthi saliring karya.
Jarwa palwa, palwa kandheg ing samodra. (prau; labuh)
Prasajaa, nglabuhi tindak utama.
Jenang sela, sela lembat ing narmada. (apu; wedhi)
Den pepundhi, wulang wuruking pandhita.
Kukus gantung, taru wilis lalap tedha. (sawang; luntas)
Sun sesawang, cah sigit ngentasi karya.
Kolik priya, priya tinilar kang garwa. (tuhu; dhudha)
Lamun tuhu, pepadha tresna ing kalbu.
Kresna putra, putrane sang Dananjaya. (Samba; Abimanyu)
Sing sambada, nyenyuwun maring Hyang Suksma.
Kroncong asta, pithing alit welut wana. (gelang; ula)
Ja sumelang, cah ayu sun ela-ela.
Lembu rekta, kucing gung saba ing wana. (bantheng; sima)
Pathenthengan, ulahing janma brangasan.
Mamet tirta, tirta manis wit kalapa. )ngangsu; legen)
Suka rena, kalegan ancasing driya.
Medhar sabda, sabda kang kladuk sudira. (guneman; wani)
Den tumanem, memuni wedharing cipta.
Marga tirta, tirta mijil ing sarira. (urung-urung; kringet)
Jinurungna, kriya kridhaning wardaya.
Nata dewa, dewa kang sirah dipangga. (Pramesthi; Gana)
Mangesthia, tindak-tanduking sujana.
Ngreka puspa, puspa seta rum gandanya. (nggubah; mlathi)
Nggubah basa, basa pangesthining rasa.
Ngreka wreksa, wreksa langking sisa agni. (ngukir; areng)
Lenging piker, binareng krenteging ati.
Petis manis, sarining kaca benggala. (kecap; banyu rasa)
Aja ngucap, yen durung tunggal sarasa.
Pita jarwa, jarwane tembung usada. (kuning; tamba)
Ninging cipta, sinuba ing rasa mulya.
Rema seta, wanara raja Kiskendha. (uwa; Sugriwa)
Pra wanita, den asih tresna ing garwa.
Saron bumbung, bumbung lit sumbering swara. (angklung; suling)
Cecengklungen, ngeling-eling mring paduka.
Sarpa kresna, arine raja Ngalengka. (dumung; Kumbakarna)
Mung andika, sun pinta ngentasi karya.
Sendhang arga, arga geni lor Ngayoja. (tlaga; Merapi)
Mangga-mangga, api-api tan uninga.
Sopir kreta, kreta muluk ing gagana. (kusir; motor mabur)
Siring nala, ambudi suburing praja.
Teken palwa, palwa agung manca nagari. (satang; sekoci)
Nora ngetang, lara lapa saben wanci.
Tepi wastra, wastra tumrap pranaja. (kemadha; kemben)
Tanpa tidha, saben ari nambut karya.
Uler toya, toya mijil saking netra. (lintah; eluh)
Satitahe, uger nora ngluh ing driya.
Uwi wana, wana kang wus tinarbuka. (gadhung; talun)
Adol gendhung, angelun isining donya.
Wohing tanjung, wanara anjani putra. (kecik; Anoman)
Becik apa, wong anom suthik rekasa.
Welut wana, walang wilis sabeng arga. (ula; gambuh)
Atur kula, anggambuh mring Hyang Wisesa.
We ing wreksa, wreksa kang rineka janma. (tlutuh; golek)
Wus kapatuh, mbudidaya golek praja.
4. Wangsalan sinawung ing tembang
Sinom
Jamang wakul Kamandaka,
kawengku ing jinem wangi,
kayu
sun wota sabudineki,
roning kacang wak mami,
yen tan panggih sira nglayung,
toya mijil sing wiyat,
roning pisang leash ing wit,
edanira tan waras dening usada.
(Babad Pasir: IV.4)
Kinanthi
Sastra pangandheging kidung,
sudarma Basudewaji,
ngestu pada mring kusuma,
manjanma ping sakethi,
pusara pangiket gangsa,
tumutur tan sedya kari.
(Mangkunagara IV, Manuhara: II, 11)
VI. PARIBASAN
1. Adigang, adigúng, adigunå
Ngêndêlaké kakuwatané, kaluhurané lan kapintêrané
2. Ånå gulå ånå sêmut.
Panggonan síng akèh rêjêkiné, mêsti akèh sing nêkani.
3. Asu rêbutan balúng.
Rebutan barang kang sêpélé.
4. Asu bêlang kalúng wang.
Wóng asór nangíng sugíh.
5. Bèbèk mungsuh mliwís.
Wóng pintêr mungsuh pådhå wóng pintêr.
6. Bêcík kêtitík ålå kêtårå.
Bêcik lan ålå bakal kêtårå ing têmbé mburiné.
7. Cêcak nguntal cagak.
Gêgayuhan kang ora imbang kekuwatan.
8. Dahwèn ati opèn.
Nacad nangíng mbênêrake wong liya.
9. Éman éman ora keduman.
Karêp éman malah awaké dhéwé ora kêduman.
10. Gajah ngidak rapah.
Nrajang wêwalêr dhéwé.
11. Golèk banyu bêníng.
Mêguru golèk kawruh síng bêcík.
12. Kacang ora ninggal lanjaran.
Kabiasané anak niru wóng tuwané.
13. Kebo ilang tómbók kandhang.
Wís kélangan ngêtokaké wragat manèh kanggo nggoleki
malah ora kêtêmu pisan.
14. Kêbo kabótan sungu.
Rêkåså mergå kakèhan anak.
15. Nabók nyilih tangan.
Tumindak ålå kanthi kóngkónan wóng liyå.
16. Ora ånå kukús tanpå geni.
Ora ånå akibat tanpå sebab
17. Sumúr lumaku tinimba, góng lumaku tinabúh.
Wóng kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakóni.
18. Timun mungsuh durèn.
Wóng cilík mungsúh pànguwåså, mêsthi kalah.
19. Tulúng mênthúng.
Katóné nulungi, jêbulé malah ngrusuhi.
20. Yitnå yuwånå mati inå.
Síng ngati-ati bakal slamêt, síng sêmbrånå bakal cilåkå.
VII. TEMBUNG SAROJA
Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (meh) padha tegese lan bisa nuwuhake arti kang luwih teges. Bisa artine perkara kang ana sesambungane, bisa uga kahanan kang mbangetake.
Tuladhane:
· sato kewan = perkara kewan
· ayem tentrem = tentrem tenan
· tepa tuladha = tuladha
· tresna asih = asih tenan
· colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong.
· Cilik menthik = cilik tenan
· Bot entheng = enteng
· Gagah prakosa = kuat
· Japa mantra = mantra
· Bapak ibu = wong tuwa
· Sakti mandraguna = sakti
VIII. TEMBUNG SANEPA
Sanepa yaiku unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa tetandhinga lan duwe teges mbangetake kanthi nyurasa teges kosok baline.
Sanepa: “tatune arang kranjang” karepe tatu iku kaya bolonganing kranjang. Mangka bolonganing kranjang iku yen dideleng, sing bolong lan sing ora bolong akeh bolongane. Unen-unen iku nyanepani: ‘tatu sing kerep banget’.
Tuladha liya:
Ambune arum jamban. (banger banget, karo jamban isih arum ambuning jamban)
Balunge atos gedebog. (mbedhel banget, empuk banget)
Cahyane abang dluwang. (pucet banget)
Eseme pait madu. (manis banget)
Kawruhe jero tapak meri. (cethek banget)
Kehing utang arang wulu kucing. (kerep banget)
Kulite wulet godhong lumbu. (mbedhel banget)
Lungguhe anteng kitiran. (usil banget)
Pikirane landhep dhengkul. (kethul banget)
Playune lonjong botor. (banter banget nganti katon bunder)
Polahe anteng kitiran (montang-manting)
Rasane legi bratawali. (pait banget)
Rembuge peret beton. (lunyu banget)
Suwe mijet wohing ranti. (sedhela banget)
Selengkapnya...SELALU
Meski langit segera kelam
Tersimpan rapi di dalam hati yang sepi
Atau hanya penantian saja
Sembari berucap “Slalu kan kutunggu”
Satu kata yang tak ingin bisa terusik
Terajut oleh kenangan…
Berpondasikan harapan…
Berselimut indah sebuah cinta putih
Hari-hari menjauh terlebih saat itu
Terbang lepas ke langit bebas
Tanpa sebuah kalimat jelas
Kecuali bahwa cinta kan kembali bertemu
Selalu…
Jika memang Tuhan menakdirkan satu
Selalu…
Tak peduli berapapun lamanya waktu